Kamis, 17 Maret 2016

pariwisata pantai krakal



Alfi fajrian mukti                       /01/XI IIS 1
Chandra purba khautal               /05/XI IIS 1
Ramadzan bayu H                      /22/XI IIS 1




Patai menika salah satunggaling destinasti wisata wonten ing Gunungkidul ingkang kathah cacahipun. Pante pante wonten ing Gunungkidul sampun misuwur namanipun, boten naming ing tlatah ngayogyakarta ananging wonten manca negara. Babagan menika saged katitik saking kathahipun turis turis mancanegara ingkang sowan dhateng pante pante wonten ing Gunungkidul.
Kathah sanget pante ing Gunungkidul, salah satunggalipun ingkang sampun misuwur inggih menika pante krakal. Pante krakal menika manggen wonten ing desa ngatirejo kecamatan tanjungsari kabupaten Gunungkidul




Pante Krakal menika salah satunggaling objek wisata wonten ing Gunungkidul ingkang nyuguhaken kaendahan posena alam kanthi hamparan pasir putih ingkang resik. Pante Krakal menika salah satunggaling rangkean pante wonten ing tenggara Kabupaten Gunungkidul. Pante Krakal dumunung wonting ing desa Ngestirejo, Kecamatan Tanjungsari.
Dawanipun Pante Krakal kinten-kinten 40.000 meter, ndadosaken Pante Krakal menika dados Pante ingkang langkung dowo wonten ing Gunungkidul. Pante Krakal dados salah satunggaling destinasi wiasata ingkang misuwur wonten ing Gunungkidul. Menawi laut nembe surut, iwak hias biasanipun medal lam saget kita tingali, kados iwak Kepe.
Kaendahan Pante Krakakl menika ndamel kathah biro wisata ingkang nyuguhaken perjalanan wisata, saking Jawa Tengah ugi saking Yogyakarta. Margi ingkang sae ugi dados salah satunggaling alesan ingkang ndadosi Pante Krakal langkung misuwur namanipun. Fasilitas wonten ing Pante Krakal sampun sae, kados warung-warung alit wonten ing pinggir Pante.
Kula lan panjenengan bilih salah satunggaling masyarakat ingkang manggen wonten ing Gunungkidul, kedah saged njaga kasaraharjanipun pariwisata wonten ing Gunungkidul, salah satunggaling pante ingkang maneka warna cacahipun
Katrangan umum :
Garis pante krakal menika dudominasi kaliyan karang karang, sahingga boten saged kagem papan surfing. Ombakipun langkung sae menapa malih wayah usum ketiga (antara usum wulan maret lan September). Plesir ing pante menika nyenengaken amargi suasana pantai menika apik lan ayem.
Kula lan panjenengan minangka salah satunggaling warga Gunungkidul kedah njagi kalestarianipun Pate Krakal lan Pante sanesipun.

Referensi :








tanggal 18 - 03- 2016

ARTIKEL PERSUASI " AYO KUNJUNGI PAPAN WISATANING NGAYOGYAKARTA


Jenising Artikel " Persuasi " 
Kelompok :
1. Hanif Priwibowo           (14 / XI S 1)
2. Noviani                       (19 / XI S 1)
3.  Yanuar Yola Vionita    (31 / XI S 1)


Ayo Kunjungi Papan Wisataing Ngayogyakarta

Menapa panjenengan remen liburan? Ngayogyakarta mujudaken pilihan ingkang pas kangge panjenengan ingkang remen liburan. Ngayogyakarta mujudaken wewengkon ingkang gadhah papan wisata indah lan ngremenaken. Kejawi menika ugi gadhah kaendahan alam lan tilaran sejarah kanthi hasil seninipun.Kabudayan masyarakat tasih raket ndadosaken tiyang rumaos ayem, nalika ngrawuhi Ngayogyakarta kangge kegiatan wisata. Kathahipun papan wisatanipun arupi wisata alam pantai, nanging mboten sekedhik papan wisata budayalan maneka werni papan wisata ingkang ngremenaken sanesipun.
Salah satunggaling papan wisata ing Ngayogyakarta ingkang kondhang inggih punika Candhi Prambanan ingkang mapanipun ing tapel wates  antawisipun kalih propinsi inggih punika Ngayogyakarta lan Jawa Tengah. Papan wisata menika gadhah panorama  ingkang ngremenaken. Saking  caket penjenengan saget nguningani  sesawangan arsitektur lan desain candhi ingkang sanget endah. Ing wewengkon wisata candhi  menika wonten papan  ageng  wewangunan candhi ingkang nedahaken bilih candhi menika dadosaken punjer kegiatan pemujaan lan acara keagamaan.
Penjenengan ugi saget  hangrawuhi pinten-pinten pantai endah  kadosto pantai Parangtritis. Pantai menika saget dipun westani  minangka ikon wisata pantai ing Ngayogyakarta.  Gemuruh ombak  lan hawa pantai  dados kekuatan  remen pantai menika. Unikipun saking pantai Parangtritis inggih punika wontenipun bukit pasir ingkang dipun westani gumuk sekupengipun pantai. Papan wisata alam  ingkang mboten kalah ngremenaken, inggih menika guwa selarong. Guwa menika  biasanipun  dipun dadosaken minangka papan ritual.  Kangge seperangan kalangan  guwa menika dipun anggep anggadhahi nilai mistik  lan ngandhung misteri .
Maneka warni papan wisata ing Ngayogyakarta kasebat saget dipun rawuhi kanthi regi ingkang saget dipun lampahi kanthi maneka warni  budaya ,  lan maneka warni  kreativitas seni  ugi ramah tamahipun masyarakat, dadosaken Ngayogyakarta  kiat nyipta produk budaya lan wisata ingkang dipun ajeng-ajeng ugi gadhah potensi kangge nyipta raos ayem lan tentrem jiwa para ingkang rawuh.
Sumber :

Pengumpulan : (18-3-2016)

ARTIKEL " UPACARA SEDHEKAH LAUT ING TLATAH NGENTAK PONCOSARI "



Jenising Artikel “ Deskripsi
Kelompok :
1. Galuh Ajeng Pusparini        (13 / XI S 1)
2. Intan Rohmawati                (15 / XI S 1)
3.  Taufan Tenggara                (27 / XI S 1)

Upacara Sedhekah Laut ing Tlatah Ngentak Poncosari

Dusun Ngentak Desa Poncosari menika salah satunggaling dusun ing Kecamatan Srandakan,Bantul, Daerah Istimewa Yogyakarta.Dusun Ngentak menika tlatah paling kidul saking Desa Poncosari ingkang tumaket kaliyan laut kidul Samudera Hindia.Padamelan warga masyarakat wonten ing Dusun Ngentak menika nelayan,petani,peternak,lan pedagang.
Upacara adat menika salah satunggaling wosing budaya ingkang dipunlestantunaken saking generasi dhateng generasi saklajengipun.Upacara adat ing Dhusun Ngentak inggih menika upacara adat sedhekah laut.Upacara menika kaleksanan saben setunggal tahun sepindhah inggih menika dinten minggu sepisanan ing sasi syawal.Upacara sedhekah laut katujokaken dhateng Kanjeng Ratu Kidul minangka panguasa laut kidul.Kejawi menika upacara sedhekah laut minangka raos syukur kangge kaselametan lan penghasilan ingkang kathah saking Gusti Ingkang Maha Agung.
Ubarampe ingkang dipunsamektakaken ing antawisipun kacu bango tulak kangge tutup sesaji,tambir kangge papan sesaji,saperangkat pakaian tiyang setri ugi maneka warna minyak wangi.Kejawi menika ugi dipunsamektakaken sesaji arupi palawija;kasil pertanian kadosta pisang sanggan,pisang kencana,pala kesimpar,pala kependhem,pala gumantung,lan 24 jenis dhaharan ingkang mboten angsal mambu.Perangkat sanesipun inggih menika empon-empon,janur kuning,godhong apa-apa,sekar tabur,lan kemenyan ugi dupa.
Dalu sakderengipun upacara labuhan kaleksanan dipunadani acara pinuwunan ing Tempat Pelelangan Ikan (TPI) ingkang dumunung wonten ing kawasan wisata Pantai Baru.Pinuwunan menika tujuanipun nenuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung lan ugi panguasa segara kidul supados acara sedhekah laut ingkang badhe dipunselenggarakaken mbenjang saged kaleksanan kanthi lancer lan slamet.Acara pinuwunan arupi donga lan tahlil dipimpin kaliyan rohaniwan islam,kegiatan menika berlangsung kirang langkung setunggal jam.
Enjang antawisipun tabuh 09.00 WIB para panarima tamu lan panitia ingkang ngginakaken pakaian jawa sampun siap wonten ing papan pelaksanaan upacara.Ubarampe upacara ingkang arupi sesaji dipunsiapaken ing lantai kanthi lambaran klasa.Sesaji dipunpapanakn ing 21 tambir lan 3 keranjang pring dipuntata jejer 2 baris.Saklajengipun menawi para tamu sampun rawuh sedaya upacara dipunwiwiti pambuka dening pranata adicara kalajengaken sambutan saking ketua panitia,lan wakil saking Keraton Ngayogyakarta sekaligus wakil saking HNSI Kanjeng Pangeran Haryo Wironegoro utawi Gusti Wironegoro.Saklajengipun ndedonga ingkang dipunpimpin dening Bapak Mustofa Bisri dipundhampingi Bapak Siswo Harjono lan Bapak Puspo Rubiyanto minangka abdidalem keraton ingkang ngurusi petilasan Pandansimo.Kalajengaken andum sajen ingkang arupi sekul gurih utawi wuduk lan lawuhipun dhumateng para tamu.Acara inti dipunwiwiti kanthi persembahan dhumateng Kanjeng Ratu Kidul kawiwitan kanthi mbakar menyan lan dupa,saklajengipun donga raos syukur lan persembahan kaleksanan kanthi hikmat.Ingkang Pungkasan nglabuh sajen dhateng laut,sakderengipun 2 nahkoda dipunkalungi sekar dening Gusti Wironegoro.Sesaji dipunlebetaken perahu lajeng dilabuh dening 3 tiyang nelayan.
Upacara sedhekah laut Ngentak Poncosari minangka kegiatan budaya menika taksih dipunleksanakaken dumugi sakniki,inggih menika saben setunggal tahun sepindhah ing dinten Minggu sepindhah ing sasi Syawal ing Pantai Baru Ngentak,Poncosari.Sedhekah laut menika ngandhut nilai-nilai budaya luhur warisan nenek moyang,kadosta nilai ketaqwaan dhateng Gusti Ingkang Maha Agung,gotongroyong,etos kerja,lan kathah makna simbolik.

Referensi :
Buku Upacara Adat oleh Noor Sulistyobudi, S.H., Wahjudi Pantja Sunjata, Sujarno 
Pengumpulan : (18-3-2016)

ARTIKEL " KURIKULUM 2013 NYENGKUYUNG SISWA SUPADOS LANGKUNG AKTIF "



Jenising Artikel “ Naratif ”

Kelompok :
1. Arvita Sari Yuliatino         (04 / XI S 1)
2. Istiqomah 'Ulya Salimi     (16 / XI S 1)
3. Sonya Niken Puspa        (26 / XI S 1)


KURIKULUM 2013 NYENGKUYUNG SISWA SUPADOS LANGKUNG AKTIF



            Kurikulum 2013 anggadhahi ancas kangge nyurung siswa supados langkung sae anggenipun observasi, nyaosaken pitakenan, nalar, sarta ngomunikasikaken (ngandharaken) wonten menapa ingkang sampun siswa pikantuk sasampunipun nampi materi evaluasi. Sasampunipun mlampah 1 semester, implementasi kurikulum 2013 saged dipun wujudaken kanthi nggayuh maksudipun menika. Umpaminipun siswa ing SDN 1 Unggulan mamuju, Sulawesi Barat ingkang saged langkung aktif.
            “Kanthi mlampahipun kurikulum 2013 menika siswa langkung aktif katimbang saking kawitanipun. Kurikulum 2013 kathah sanget manfaatipun. Kita nyengkuyung kurikulum 2013 selami wonten arah ingkang langkung sae kangge pendidikan wonten ing Indonesia, Kita dukung sedayanipun.” Ngendikanipun Pak Ferdi, guru kelas 5 SDN Unggulan mamuju Sulawesi Barat nalika dipun wawancara Tim Portal Kementrian Pendidikan dan Budaya ing gedung SDN 1 Unggulan mamuju.
            Piyambakipun ngraosaken wonten alangan ingkang dipunadhepi guru nalika mulang kurikulum 2013. Salah satunggaling rencana kurikulum 2013 inggih punika tematik. “Mbok menawi saya dangu guru ingkang dereng nate mulang ginaaken sistem evaluasi tematik badhe langkung gadhah kabiyasan sarta saged . . . ” panjelasanipun nalika dipunparingi pitakenan alangan kangge sebagian guru.
            Evaluasi tematik saged dipunsimpulaken satunggaling pendamelan evaluasi ingkang ginaaken integrasi materi sebagian mata pelajaran wonten 1 topik/tema kajian. Ananging, ngandaraken perkawis menika saged dipunatasi kaliyan kreativitas saben guru kangge ningkataken silabus.
            Nalika siswa kelas 4 SDN 1 Unggulan Mamuju ngandharaken, Kurikulum 2013 langkung sae katimbang kawitanipun. ” Upami guru sampun nuturaken sarta murid sampun mangertosi, enggal dipun tindakaken kegiyatan.” Tuturipun.
            Siswa ingkang mlebet 5 besar wonten ing kelas menika nyariyosaken kados pundi sistem pamulanganing sekolah punika. Sasampunipun proses kurikulum 2013, dheweke ngakeni saged mangertosi mangsudipun guru wonten ing kegiyatan pamulangan ugi nalika nindakaken percobaan. Kangge madosi wangsulan saking satunggalipun kadadosan. “Upami dereng dipun mangertosi, saged dipun cobi kemalih, dadosipun saged langkung  mangertosi.” Tuturipun siswa ingkang anggadhahi gegayuhan badhe dados dokter.
            Dheweke ugi remen kaliyan penggantosan cacahipun buku pelajaran. Sekedhikipun buku pelajaran ingkang diginakaken wonten ing kurikulum 2013 di raosaken saged nggampilaken siswa. “Samenika naming wonten 4 buku, langkung sekedhik anggenipun sinau nalika badhe Ulangan Semester. Katimbang ingkang riyin, kathah sanget.” Tuturipun siswa.
            Kanthi samenika Kurikulum 2013 langkung sae upami dipun terusaken supados siswa siswa wonten ing Indonesia langkung maju, boten kalah kaliyan Negara sanes, amargi sisten pamulangan wonten ing kurikulum 2013 ngginakanen cara ingkang mandiri lan kreatif.
Sumber :

Pengumpulan : (18-3-2016)