Kamis, 17 Maret 2016

ARTIKEL " UPACARA SEDHEKAH LAUT ING TLATAH NGENTAK PONCOSARI "



Jenising Artikel “ Deskripsi
Kelompok :
1. Galuh Ajeng Pusparini        (13 / XI S 1)
2. Intan Rohmawati                (15 / XI S 1)
3.  Taufan Tenggara                (27 / XI S 1)

Upacara Sedhekah Laut ing Tlatah Ngentak Poncosari

Dusun Ngentak Desa Poncosari menika salah satunggaling dusun ing Kecamatan Srandakan,Bantul, Daerah Istimewa Yogyakarta.Dusun Ngentak menika tlatah paling kidul saking Desa Poncosari ingkang tumaket kaliyan laut kidul Samudera Hindia.Padamelan warga masyarakat wonten ing Dusun Ngentak menika nelayan,petani,peternak,lan pedagang.
Upacara adat menika salah satunggaling wosing budaya ingkang dipunlestantunaken saking generasi dhateng generasi saklajengipun.Upacara adat ing Dhusun Ngentak inggih menika upacara adat sedhekah laut.Upacara menika kaleksanan saben setunggal tahun sepindhah inggih menika dinten minggu sepisanan ing sasi syawal.Upacara sedhekah laut katujokaken dhateng Kanjeng Ratu Kidul minangka panguasa laut kidul.Kejawi menika upacara sedhekah laut minangka raos syukur kangge kaselametan lan penghasilan ingkang kathah saking Gusti Ingkang Maha Agung.
Ubarampe ingkang dipunsamektakaken ing antawisipun kacu bango tulak kangge tutup sesaji,tambir kangge papan sesaji,saperangkat pakaian tiyang setri ugi maneka warna minyak wangi.Kejawi menika ugi dipunsamektakaken sesaji arupi palawija;kasil pertanian kadosta pisang sanggan,pisang kencana,pala kesimpar,pala kependhem,pala gumantung,lan 24 jenis dhaharan ingkang mboten angsal mambu.Perangkat sanesipun inggih menika empon-empon,janur kuning,godhong apa-apa,sekar tabur,lan kemenyan ugi dupa.
Dalu sakderengipun upacara labuhan kaleksanan dipunadani acara pinuwunan ing Tempat Pelelangan Ikan (TPI) ingkang dumunung wonten ing kawasan wisata Pantai Baru.Pinuwunan menika tujuanipun nenuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung lan ugi panguasa segara kidul supados acara sedhekah laut ingkang badhe dipunselenggarakaken mbenjang saged kaleksanan kanthi lancer lan slamet.Acara pinuwunan arupi donga lan tahlil dipimpin kaliyan rohaniwan islam,kegiatan menika berlangsung kirang langkung setunggal jam.
Enjang antawisipun tabuh 09.00 WIB para panarima tamu lan panitia ingkang ngginakaken pakaian jawa sampun siap wonten ing papan pelaksanaan upacara.Ubarampe upacara ingkang arupi sesaji dipunsiapaken ing lantai kanthi lambaran klasa.Sesaji dipunpapanakn ing 21 tambir lan 3 keranjang pring dipuntata jejer 2 baris.Saklajengipun menawi para tamu sampun rawuh sedaya upacara dipunwiwiti pambuka dening pranata adicara kalajengaken sambutan saking ketua panitia,lan wakil saking Keraton Ngayogyakarta sekaligus wakil saking HNSI Kanjeng Pangeran Haryo Wironegoro utawi Gusti Wironegoro.Saklajengipun ndedonga ingkang dipunpimpin dening Bapak Mustofa Bisri dipundhampingi Bapak Siswo Harjono lan Bapak Puspo Rubiyanto minangka abdidalem keraton ingkang ngurusi petilasan Pandansimo.Kalajengaken andum sajen ingkang arupi sekul gurih utawi wuduk lan lawuhipun dhumateng para tamu.Acara inti dipunwiwiti kanthi persembahan dhumateng Kanjeng Ratu Kidul kawiwitan kanthi mbakar menyan lan dupa,saklajengipun donga raos syukur lan persembahan kaleksanan kanthi hikmat.Ingkang Pungkasan nglabuh sajen dhateng laut,sakderengipun 2 nahkoda dipunkalungi sekar dening Gusti Wironegoro.Sesaji dipunlebetaken perahu lajeng dilabuh dening 3 tiyang nelayan.
Upacara sedhekah laut Ngentak Poncosari minangka kegiatan budaya menika taksih dipunleksanakaken dumugi sakniki,inggih menika saben setunggal tahun sepindhah ing dinten Minggu sepindhah ing sasi Syawal ing Pantai Baru Ngentak,Poncosari.Sedhekah laut menika ngandhut nilai-nilai budaya luhur warisan nenek moyang,kadosta nilai ketaqwaan dhateng Gusti Ingkang Maha Agung,gotongroyong,etos kerja,lan kathah makna simbolik.

Referensi :
Buku Upacara Adat oleh Noor Sulistyobudi, S.H., Wahjudi Pantja Sunjata, Sujarno 
Pengumpulan : (18-3-2016)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar