Rabu, 16 Maret 2016

ARTIKEL DESKRIPTIF " KURIKULUM 2013 "

Jenising Artikel “ Deskriptif
Kelompok :
1. Andika Krismondo     (02 / XI S 1)
2. Endah Setyaningrum  (11 / XI S 1)
3. Rifqi Abdur Rosyad   (24 / XI S 1)

KURIKULUM 2013

Kurikulum 2013 ingkang asring dipunwastani kurikulum berbasis karakter,kurikulum 2013 inggih menika kurikulum enggal ingkang dikeluarke Kementrian Pendidikan lan Kebudayaan Republik Indonesia. Kurikulum 2013 ngutamake pemahaman skill,lan pendidikan berkarakter. Siswa kedah paham kaliyan materi,aktif ingproses diskusi lan presentasi uga gadhah sopan santun lan sikap disiplin ingkang duwur.

Pendidikan dados barang ingkang fundamental kangge gesangipun tiyang. Menawi pendidikanipun sae, tiyang iku mau saged dados tiyang ingkang gadhah pola pikir lan sikap ingkang sae.pendidikan ingkang sae awujud saking pola pikir lan sistem pendidikan ingkang uga sae. Pola lan sistem pendidikan ingkang sae awujud kurikulum ingkang sae. Kurikulum ingkang enggal yaiku kurikulum 2013 sampun diginaaken sekolahing Indonesia, ing penerapanipun wonten kelebihan lan kekurangan Kurikulum 2013 mboten leres kalih Undang-Undang nomor 20 tahun 2003 babagan. Sistem pendidikan nasional amargi pengembangan kurikulum iku naming ing orientasi pragmatis. Lajeng kurikulum 2013 mboten dilandasi evaluasi saking pelaksanaan Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan(KTSP) 2006 saengga ing pelaksanaanipun saged bingungake guru lan tiyang sanes ingkang kalebet dunia pendidikan. Guru uga mboten kalebet langsung ing proses pengembanganing kurikulum 2013. Pemerintah nganggep guru setunggal kalih guru sanes gadhah kapasitas ingkang sami. Mboten naming hubungan orientasi proses pembelajaran lan hasil ing kurikulum 2013. Keseimbangan iku angel dipun pikanthuk amargi aturan Ujian Nasional(UN) taksih wonten. UN naming saged biyantu orientasi pendidikan tergantung naming ing hasil ;an mboten ngatosaken proses pembelajaran.babagan iki dampakipun mboten dianggep penting pelajaran ingakang mboten tumut UN. Ananging kita sedaya mangertos bilih mata pelajaran ingkang mboten tumut UN uga biyantu guna awujudake tujuan pendidikan ingkang badhe dipun pikanthuk. Pemerintah integrasiaken muatan mata pelajaran Ilmu  Pengetahuan Alam(IPA) uga Ilmu Pengetahuan Sosial (IPS) ing mata pelajaran Bahasa Indonesia kangge tingkat dasar.
Kurikulum 2013 mboten naming gadhah kekurangan ananging wonten kelebihanipun ananging angel pikanthuk kesimpulan babagan kelebihanipun ing kurikulum 2013, bilih ing babagan ingkang dados kelebihanipun kurikulum 2013 yaiku sedaya siswa kedah kreatif lan inovatif, sanesipun inggih menika pengembangan karakter siswa ingkang sampun integrasikaen datheng sedaya mata pelajaran. Ananging bilih kita mangertos babagan ingkang wonten lan tujuan saking kurikulum 2013 iku ing dunia pendidikan ingkang berbasis pesantren. Tuladhaipun Pesantren Persatuan Islam. Siswa kedah kreatif uga penekanan aspek afektif kedah ditekankan saengga siswa iku mboten naming sae ing bidang kognitif ananging babagan akhlak uga kedah daod penilaian ingkang mutlak. Kita minangka pelajar kedah saged mlampahi sistem pendidikan kanthi tujuan ingkang sae lan menopokemawon kurikulumipun bilih kita mlampahi kanthi sae uga hasilipun uga sae.lan biyantu kangge generasi penerus.

Kurikulum 2013 inggih menik kurikulum sawise Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan(KTSP), salahsatunggaling   cara pemerintah kangge bangun bangsa ingkang maju ing bidang pengetahuan lan akhlak. Tujuanipun sae ananging kathah prekawis ingkang dereng siap kangge mlampahi kurikulum 2013 wiwit guru,siswa lan tiyang ingkang kalebat ing dunia pendidikan, babagan menika dadosaken kurikulum 2013 mboten maksimal lampahipun. Pemerintah kedah evaluasi kurikulum 2013 lan mbenahi babagan menopokemawon ingkang klentu. Supados saged dadosaken para siswa ingkang gadhah akhlak ingkang luhur lan kapinteran ingkang sae.


Refrensi

febriawan47.blogspot.com/2013/10/kurikulum-2013.html?m=1

Pengumpulan (16-3-2016)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar