Jenising Artikel “ Eksposisi ”
Kelompok :
1. Dianingtyas Pangastuti (09 / XI S
1)
2. Mei Etnawati Melani (17 / XI S 1)
3. Ridho Abid Hananto (23 / XI
S 1)
“Cara Penanggulangan DBD”
Pernyataan
Umum/tesis
Demam berdarah utawi
DBD inggih menika penyakit ingkang ndamel penderita ngraosaken nyeri ingkang
sanget. DBD menika disebabaken dening virus ingkang ditularaken saking gigitan
nyamuk. Sakmenika Indonesia pikantuk peringkat penderita kaping kalih
saksamunipun Brazil. Miturut data saking kementrian kesehatan taun 2009-2011,
jumlah kematian amargi DBD wonten ing Indonesia dumugi 1.125 kasus. Data
kasebat nempataken Indonesia wonten ing Asia Tenggara minangka negara paling
inggil wonten ing kasus penyakit DBD.
Isi
Cara nyegah penyakit
DBD saged dipuntindakaken dening cara 3N, inggih menika singkatan saking
(nutup, nguras, nimbun). Konjuk mbrantas jentik nyamuk ugi ngindaraken saking
nyamuk DBD kaliyan cara :
1.
Nutup. Nutup rapet-rapet sedaya
panggen pandhusunan toya, kados bak toya, ember isi toya, vas sekar, gentong,
drum, ugi sak panunggalipun
2.
Nguras. Nguras panggenan
pandhusunan toya, kados bak adus, vas sekar, gentong, ugi sak panunggalipun
3.
Ngubur utawi nimbun. Nimbun sedaya
sampah-sampah ingkang saged diurai kaliyan siti, kados kertas, kayu, barang
bekas, ugi sak panunggalipun
Cara ngobati penyakit DBD. Nalika gejala DBD nempuh, penanganan ingkang
enggal inggih menika ngunjuk obat pemandhap benter ingkang ngandung
parasetamol. Menawi saksampunipun setunggal dinten benter mboten
mandhap-mandhap, enggal tindak wonten ing dokter. Menawi positif, enggal bekta
wonten ing griya sakit. Miturut modern, penyakit DBD mboten wonten obatipun,
namung diinfus kagen nambah tenaga.
Cara ingkang saged ngatasi penyakit DBD inggih menika, kaping setunggal
ngunjuk toya pethak ingkang kathah supados mboten dehidrasi. Kagen tiyang
dewasa cekap 20 gelas saweg saben dinten. Mila lambung mboten maag, saged
disukani toya krambil. Ingkang kaping kalih, ngatahaken nedha senaos mual.
Ingkang ketiga, saged kaliyan ngunjuk 2 sendok sari kurma 2-3 jam pisan kagem
ningkataken tenaga. Kaliyan cara-cara mekaten penyakit DBD mboten saged nempuh
kula lan panjenengan sami.
Kesimpulan
Demam berdarah tasih
kathah kedadean wonten ing sekitar kula lan panjenengan sami. Kula lan
panjenengan minangka tiyang ingkang tasih sehat kedah nyegah supados kula lan
panjenenan kahindar saking penyakit DBD menika. Kula lan panjenengan ugi kedah
ngelingake tiyang sanes menapa kemawon ingkang nyebabaken penyakit DBD.
Referensi :
www.alodokter.com
Referensi :
www.alodokter.com
PENGUMPULAN (9-3-2016)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar