Jenising Artikel “ Argumentasi ”
Anggota kelompok :
Anggota kelompok :
1. Aprilia Dwi Anisa (03 / XI IS 1)
2. Galih Jati Mumpuni (12 / XI IS 1)
3. Wahyu Nur Afrita (30 / XI IS 1)
Variasi Gethuk
Gethuk menika
salah satunggaling dhaharan tradisional ingkang kadamel saking tela. Gethuk
kathah dipun temoni wonten tlatah jawi(Jawa Timur lan Jawa Tengah). Gethuk
menika jajanan pasar ingkang laris saking rumiyen ngantos sakniki. Rumiyen
gethuk menika naming wonten satunggal rasa , ananging amargi wonten inovasi lan
kreasi saking salah satunggaling warga menika gethuk dipun variasiaken dados
kathah rasa. Damel gethuk menika naming gampil, bahan ingkang dingge menika
inggih gampil dipun angsalaken. Gethuk variasi
bahan utamine mboten naming tela anaging ugi saged saking talas lan gedang.
Caranipun damel gethuk inggih menika ngukus utawi nggodog tela rumiyen ngantos
empuk, saksampunipun tela dipun deplok lajeng ditambahi gula kaliyan uyah.
Biasane gethuk dipun sawuri ampas parutan klapa.
Gethuk menika
gadhah maneka warna rasa ,
1.
Gethuk Goreng
Gethuk goreng menika dhaharan khas saking
Sokaraja rasanipun legit an gurih, dipun damel saking tela lajeng dipun sawuri
parutan gula klapa. Gethuk goreng menika wiwitipun dipun damel dening
Sanpirngad, tiyang dodolan sekul keliling. Wekdal menika gethuk nembe mboten
payu, lajeng Sanpirngad pados cara supados gethuk saged laris. Gethuk ingkang
mboten telas dinten menika dipun goreng lajeng dipun dol malih, gethuk goreng
menika kathah tiyang pados.
2.
Gethuk Lindri
Gethuk
lindri dipun kenal amargi rasanipun ingkang alus. Wenanipun kathah lan
rasanipun legit. Caranipun damel gethuk lindri menika, tela ingkang sampun
dipun onceki dipun kukus ngantos empuk saksampunipun tela dipun
deplok(alusaken) ngantos alus,lajeng dipun paringi gendis,toya,vanili lajeng
dipun carup sedanten.
3.
Gethuk Trio
Gethuk trio menika kathah wonten tlatah
magelang. Menawi plesir wonten Magelang kita saged mendhet oleh-oleh gethuk
trio menika. Kasebut Gethuk trio mneika amargi menawii dipun pirsani wonten 3
perangan werna. Gethuk trio dipun damel saking tela . gethuk trio menika wenane
coklat wonten tengah kaliyan pedhak wonten pinggir.
4.
Gethuk Uwi
Gethuk uwi menika kadamel saking uwi. Rasanipun
legit lan adatipun wonten lapis-lapis. Saged kados dene pelangi.
5.
Gethuk Kethek
Kasebat gethuk kethek menika amargi
rumiyen kangge dipun tenger menawi tiyang ingkang mandhe gethuk menika
ngajeng griyaniupu wonten kethek. Gethuk
kethek menika wonten tlatah salatiga .
6.
Gethuk Kurung
Gethuk kurung menika wonten tlatah klaten. Gethuk menika macen-macem
rasa, coklat legit,selai nanas,lsp. Gethuk kurung menika mewani di pun
cepakaken dipun sawuri gendis lan klapa parut.
7.
Gethuk Gedang
Gethuk gedang kathah dipun pangging wonten tlatah
kediri. Rasanipun legit. Gethuk gedang dipun damel skaing gedang lan dipun
bungkus ngagem godhong gedang kados lonthong. Wenanipun abrid coklat.
Wiwitipun wonten
gethuk variasi menika amargi rumiyen wonten tiyang mandhe gethuk biasa ananging sakiring zaman gethuk biasa menika
mboten pajeng wonten pekenan amargi kesaing dhaharan modern. Saking kedadeyan
menika wonten tiyang ingkang damel variasi supados gethuk menika tasih saged tetep
wonten lan saged saingan kaliyan jajanan modern.
Amargi kathah
maneka warna rasa Gethuk, langkung kathah tiyang remen Gethuk. Kathah tiyang
ingkang lomba-lomba mandhe Gethuk amargi peluangipun ageng. Gethuk menika saged
kangge dhaharan camilan utawi pacitan, rumiyen gethuk naming dipun anggep
dhaharan tiyang desa ananging saksampunipun dipun damel variasi gethuk dados
dhaharan peken ingkang laris lan saged nyaingi jajanan ingkang modern.
Persaingan
gethuk wonten peken menika langkung
dangu lan awrat amargi tiyang mandhe
gethuk langkung kathah, umume gethuk menika dipun sadhe wonten skala griyanan ingkang
mboten mbutuhke modal ageng ,gethuk adate dipun sandhe ngangge gerobak keliling
saged ugi naming dipun jejer wonten
nampan lajeng di ideraken. Usada gethuk ingkang sampun ageng saged damel
warung/ toko ingkag khusus mandhe gethuk.
Caranipun damel kaliyan pados bahan ugi
gampil. Wonten desa menia gampil pados tela,uwi,gedang. Bahan ingkang dipun ginaaken
menika mboten naming sak-sak’e ananging pilihan. Tuladhanipun tela ingkang
dipun ngge menika tela jarapah amargi gampil empuk nalika dipun kukus. Mboten naming
niku, tela menika tela ingkang rasanipun mboten langu. Tela ingkang dereng
dangu wonten udara amargi rasanipun benten mangkih. Alat ingkang dipun ngge damel
gethuk menika inggih gampil lan sederhana.
Nanging dodolan gethuk menika gadhah kelemahan
inggih menika menawi gethuk mboten telas sedinten gethuk saged sayup menawi damelipun
mboten ngangge bahan kimia. Ananging nalika ngagem bahan kimia gethuk menika
dados sanes gethuk alami ingkang sami wonten jaman rumiyen. Bahan kimia ingkang
dipun carup wonten gethuk saged pengaruh wonten rasanipun gethuk. adate tiyang
sadhe menika naming ngagem bahan warna alami supados nyemsemaken tiyang
mendhet.
Peluang usada
gethuk menika ageng amargi gethuk menika dhaharan ingkang asring dipun dhahar
warga ingkang utama wonten tlatah Jawi.
Usada gethuk menika gadhah ancaman menawi kathah tiyang usada gethuk menika
keuntungan ingkang dipun angsalaken sekedik lan pasokan tela kebates. Gethuk
langkung laris wonten tlatah desa amargi kathah ingkang remen.
Kesimpulan :
Gethuk variasi
wonten amargi gethuk biasa kesaing kaliyan jajanan modern. Kathah tiyang
ingkang remen gethuk variasi amargi gadhah maneka warna rasa. Gethuk saged
dados camilan utawi pacitan. Bahan utama gethuk menika saged saking
tela,gedang,lan uwi. Kathah tiyang ingkang mandhe gethuk amargi peluang
langkung ageng. Ananging gethuk gadhah kelemahan nalika mboten telas setunggal
dinten gethuk saged sayup menawi mboten dipun paringi bahan kimia.
Referensi :
Pengumpulan : (14-3-2016)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar