Jenising Artikel “ Persuasi ”
Kelompok :
1. Chendi Vebrian T. S (06 / XI S 1)
2. Dini
Rahayu Utami (10
/ XI S 1)
3. Muhammad
Amri H (18 /
XI S 1)
4. Vilyani Rustikasari (28 / XI S 1)
“TIWUL”
Panganan
ndesa, khasiat unggul
Pernyataan
Umum/tesis
Tiwul iku dhaharan tradisional saking tlatah Gunungkidul. Bahan
dasaripun yaiku gaplek utawi sepa ingkan sampun garing. Dipirsani saking
wujudipun sami kalyan sekul, ananging raosipun tiwul khas wonten lathi.
Dhaharan niki sampun misuwur saking jaman riyen lan uga salah satunggaling
warisan kuliner kagem masyarakat Yogyakarta inggih menika daerah Gunungkidul.
Isi
Cara damelipun uga butuhaken wekdal ingkan
dangu, saking mbedol sepa, ngonceki, dikumbah, uga dipepe. Ananging sedayanipun
dibayar kalih raosipun tiwul ingkan sekaca sanget. Padatanipun tiwul
disajekaken ngangge parutan klapa. Ananging uga saged disajekaken ngangge lauk
pauk utawi sambel. Tiwul gadhah rasa legi lan uga gadhah aroma alami saking
sepa. Tiwul menika kapidados migunani tumrap awak. Amargi gadhah kandungan
kalori ingkang ngandap saking sekul. Tiwul uga saged nanggulangi penyakit maag,
lan penyakit padaran, uga nasi tiwul saged kangge sumber energy. Tiwul uga
saged dados dhaharan diet pengidap diabetes. Wonten tlatah Gunungkidul, griya
dhaharan ingkang nyade tiwul wonten kathah. Tuladhanipun griya dhahar Bu.
Yekti, lsp. Peminatipun uga kathah, tuladhanipun wisatawan saking luar negeri.
Panutup
Ananging jaman sakniki tiwul sampun arang kawontenane. Menawi wonten iku
boten didamel piyambak menawi tiwul instan, zaman sakniki tiyang seneng
dhahar-dhaharan ingkang siap saji utawi instan. Padatanipun ingkang pidamel
tiwul inggih menika simbah-simbah wonten desa. Ananging sakniki sumbah-simbah
wadon boten saged damel amargi sampun boten saged kesah dating wana, boten
kiyat damel tiwul tradisional. Kesadaranipun tiyang nem-neman kirang bab tiwul,
uga senengane dhaharan instan-instan
menika utawi boten gelem rekaos. Ananging wonten jaman sakniki dhaharan instan
boten sekeca tumrap awak amargi kawontenan baha pengawet lan bahan liyanipun
ingkang saged ngrusak awak.
“TASIH KERSA SAMPEYAN, DHAHAR PANGANAN INSTAN INGKANG NGANDUNG PENGAWET
LAN NIMBULAKEN PENYAKIT ?”
Referensi :
Pengumpulan (11-3-2016)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar