Kamis, 17 Maret 2016

ARTIKEL " LUNTURING TATA KRAMA ING KAWULA MUDA "

Jenising Artikel “ Argumentasi
Anggota kelompok :
1. Dhatu Pranatika                        (08 / XI IS 1)
2. Patristika Megatiara                  (20 / XI IS 1)
3. Silvia Kustantia Larestri Tami  (25 / XI IS 1)
4. Yogi Amirul Ma'ruf                   (32 / XI IS 1)

Lunturing Tata Krama ing Kawula Muda

            Solah bawa menika salah satunggaling wujud kabudayaan Jawa. Solah bawa ing masyarakat ingkang dipun  gatosaken dhumateng tiyang sanes, ingkang paling utama mliginipun tumrap tiyang sapuh. Tumrap kawula muda tata krama menika sampun dikeringaken. Tumindake kawula muda menika saged dipun pirsani nalika ketemu tiyang sanes mbiten aruh-aruh ugi meneng wae, Dheweke mboten ngginakaken basa krama malih kaloyan tiyang sepuh. Solah bawa marang tiyang sanes menika sampun dikeringake, tumindak sak geleme dhewe
Wonten mriki kita kedahipun mikiraken kenging menapa kok masyarakat kita saged kirang sadar anggenipun nguri-uri kabudayan menika, saengga unggah-ungguh, tata krama lan ugi nilai-nilai ingkang adiluhung wonten kabudayan menika saged luntur kaliyan zaman ingkang sarwa majeng. Menapa malih wonten kalangan kawula muda. Kawula muda menika ing zaman ingkang sarwa majeng anggadahi prinsip “ loe-loe, gue-gue “ (waos: aku yo aku, kowe yo kowe -red) ingkang ngetingalaken lunturipun tepa slira. Mboten peduli kaliyan sanak kadang ugi tangga tepalihipun, mboten emut kaliyan menapa ingkang dipun gladhi dumatheng para pini sepuh.
Kawula muda sakniki wiwit luntur tata kramane amargi sampun kegerus kaliyan budaya Barat, amargi budaya Barat dianggap luwih penting lan luwih becik katimbang budayane dhewe. Wonten ing era globalisasi kawula muda saged gampil ngakses menapa kenawa saking HP lan sak panunggalane, piyambakipun saged ngertos maneka warna ragam kabudayaan ing mancanegara, menika salah satunggaling sebab ingkang damel kabudayaan Jawi menika luntur utawi dikeringaken.
Sampun dados jejibahan kita nguri-uri kabudayan ingkang adiluhung menika. Mboten namung dipun pocapaken ananging ugi dipun lampahi supados kabudayan menika tetep lestantun. Malah-malah menawi kita saged ngangkat kabudayan menika wonten tlatah manca, saengga kabudayan-kabudayan menika saged dipun mangertosi wonten saindhenging donya. Mila mangga sesarengan nguri-uri kabudayan ingkang sampun dipuntilaraken dumatheng para pini sepuh, mangga sesarengan sami nularaken kabudayan lan ugi nggladhi kabudayan menika. Mugi kabudayan kita mboten luntur wonten zaman ingkang sarwa majeng menika. Sekolah, masyarakat kaliyan tiyang sepuh kedah ngawasi anakipun nalikan ngginakaken HP. Piyambakipun kedah ngajari tata krama supaya kawula muda mboten lali marang tata krama ingkan sampun diwariske saking nenek moyang.

Refrensi :
http://wahnissaa.blogspot.com

Pengumpulan : (17-3-2016)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar