Kamis, 17 Maret 2016

ARTIKEL EKSPOSISI " JAMU KUNIR ASEM "


Jenising Artikel “ Eksposisi
Kelompok :
1. Chikal Fajar Sumawang                 (07 / XI S 1)
2. Pranidhana Sevia Ksanti                (21 / XI S 1)
3.  Visandra Rara Ajeng Hidayat         (29 / XI S 1)
Jamu
Kunir Asem
Jamu menika salah satunggaling alternatif obat kang diginakaken masyarakat desa.  Jamu menika boten gampil dipadosi masyarakat kutha amargi masyarakat kutha menika sampun ginakaken obat kang saged dipadosi wonten ing apotek. Ananging wonten ing desa menika tasih asring dipadosi. Masyarakat desa ugi saged ndamel jamu piyambak amargi mbien sampun turun temurun anggenipun ndamel jamu.Jamu menika saged didamel saking bahan-bahan kang ditemoni wonten ing pekarangan omah.Salah satunggaling kang biasa didamel jamu inggih menika tanduran kunyit utawi kasebut kunir.
Kunyit utawa uga disebut kunir (Jawa), konyet (Madura), lan koneng (Sunda) iku jinising tetanduran Herbal ingkang gampil tuwuh wonten ing Indonesia. Tanduran menika sampun dangu dikenal keuntungan khasiat lan kesehatan. Kajaba iku, ing wilayah Asia Tenggara, tanduran menika sampun pinanggih minangka bahan panganan wonten ing pawon.Amargi sanesipun kangge bumbu wonten ing pawon, kunir menika saged kangge salasatunggaling bahan obat tradisional kang  mujarab lan saged nambani maneka warna penyakit.
Tuah kunir kang sampun  boten disepeleke ing donya medical, utamane ing jinis pangobatan tradhisional. Iku banget cukup diwenehi kunir sampun kathah ngemot bahan kimia wonten ginane kangge kesehatan.Salasatunggaling produk kunir inggih menika kunir asem kang padatanipun didamel masyarakat desa kangge nambani maneka warna penyakit.Saged nambani Ngawekani Kanker lan Tumor, Ngerangi Resiko lan nambani Diabetes, Ngerangi Resiko Alzheimer, Nambani Tifus lan Radang Lambung, Saged ngobati Radang Persendian, Saged ngobati Kolestrol Jahat (LDL) wonten ing  awak, Saged ngobati Luka lan ngawekani Infeksi,Ngurangi raos sakit menstruasi lan sanesipun.
Wontening artikel menika kita badhe babaraken cara gampil ndamel kunir asem kangge ngobati  raos sakit menstruasi.Wonten ing ngandhap menika cara ndamel kunir asem,sumangga kito maos kanthi trep:
Bahan ndamel Kunyit Asam:
a). 1/2 KG  kunyit seger
b). 1/4 Gula jawa (gula merah aren nek wonten)
c). 1/2 asam jawa
d). 2 liter banyu
e). 1/6 sendok teh garam ( sekedhik mawon)

Cara Ndamel :
1. Kunir diresiki saking rereget wonten ing kunir.Lajengipun di parut utawi di blander kanthi alus lan di saring kangge di pundhut  toya utawi sari mawon.
2. Lajengipun toya peresan kunyit digodhog kaliyan di campuraken toya 2 liter, gula jawa, asem lan garam ngantos umup (kalih diudak-udak)
3. Salejengipun umup,kompor lajeng dipateni lan godhogan wau diademaken ngantos adem.
4. Jamu kunir asem sampun sagged  diunjuk ,menawi panjenengan badhe ngersaaken ngangge es saged dicampuraken wonten ing kunir asem.
5. Kanthi ngunjuk kunir asem menika luwih becik menawa  saben seminggu diunjuk 3 kali. Supados menawi menstruasi lancer lan mboten lara.
                Menawi,niku mawon kang saged kita andharaken bab manfaat kunir asem kangge ngobati maneka warna lelara kangge panjenengan sedaya .MATUR NUWUN…………!!!!!!
Refrensi:


1 komentar:

  1. saya izin repost untuk tugas bahasa jawa, matur nuwun

    BalasHapus